Home | Looking for something? Sign In | New here? Sign Up | Log out

Tips Menolak Pelamar Kerja

Wawancara dengan Pelamar (1)

G : Kowe nduwe omah opo ora.....?

a : dereng....

G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene

a : Lho kok ngaten...... ..?

G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.

a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.

G : Yo malah ora ketompo

a : Lho kok ngaten.....?

G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.

Wawancara dengan Pelamar (2)

G : Kowe nduwe motor opo ora....?

b : Mboten.

G : Ora ketompo

b : Lho kok mboten ketompo ?

G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.

b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto

ngriki.

G : Wah malah ra ketompo....

b : lho kok ngoten

G : Tempat parkire wis ra cukup.


<>
Wawancara dengan Pelamar (3)

G : Kowe wis lulus sarjana tenan.....?

c : sampun pak....

G : Ora ketompo, kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben

mbayare murah

c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi

G : Malah ora ketompo.....

c : Lho kados pundi to....?

G : Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, lek wis lulus mesti golek

kerjo neng perusahaan liyo


<>
Wawancara dengan Pelamar (4)

G : Kowe seneng guyon opo ora ?

d : Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.

G : Ra ketompo.....

d : waa......kok ngoten?

G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.

d : Sak jane nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.

G : Malah ora ketompo.

d : Lho kok......

G : Engko kowe mung email emailan sing lucu.......

<>
Wawancara dengan Pelamar (5)

G : Kowe mau mrene numpak opo ?

e : Nitih mobil

G : Kowe ora ketompo

e : Sebabipun ?

G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus

e : Wo, kulo wau namung mbonceng, kok

G : Tambah ora ketompo

e : Lho, lha kok ... ?

G : Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!


<>
Wawancara dengan Pelamar (6)

G : Anakmu akeh opo sithik ?

f : Kathah pak

G : Kowe ora ketompo

f : Sebabipun ?

G : Nyambut gawemu ora konsen, mung mikir gawe uanaaaaaak terus

f : Lha wong namung anak adopsi, kok.

G : Tambah ora ketompo

f : Lho, lha kok ... ?

G : Gawe anak wae aras2en, opo maneh nyambut gawe


<>
Wawancara dengan Pelamar (7)

G : Kowe wis ngerti gaweyanmu durung ?

h : Dereng

G : Kowe ora ketompo

h : Sebabipun ?

G : Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane ?

h : Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok

G : Tambah ora ketompo

h : Lho, lha kok ... ?

G : Kowe rak mung arep keminter, to ?


<>
Wawancara dengan Pelamar (8)

G : Kowe ngerti kahanan kantor kene durung

k : Dereng

G : Kowe ora ketompo

k : Sebabipun ?

G : Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore ?

k : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok

G : Tambah ora ketompo

k : Lho, lha kok ... ?

G : Kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?


<>
Wawancara dengan Pelamar (9)

G : Kowe kerep loro ?

m : Mboten

G : Kowe ora ketompo

m : Sebabipun ?

G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering

m : Wah, sakjanipun nggih asring

G : Tambah ora ketompo

m : Lho, lha kok ... ?

G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.


<>
Wawancara dengan Pelamar (10)

G : Kowe biso main Internet ?

n : mBoten

G : Kowe ora ketompo

n : Sebabipun ?

G : Perusahaan ora nompo Buta Internet

n : Wah, sakjanipun nggih saged

G : Tambah ora ketompo

n : Lho, lha kok ... ?

G : Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan Internet, to?

Ngentek-entekke pulsa !


<>
Wawancara dengan Pelamar (11)

G : Kowe waras opo ora?

o : Lha, kulo nggih waras to Pak.

G : Ra ketompo..... ..

o : Kenging nopo ......?

G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.

o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.

G : Malah ra ketompo..... .

o : Pripun to niki....?

G : Mengko aku duwe saingan..... .....

o : &^%$$###@@!! ! !!!!!XYW* *&&^ (gubrak)


1 comments:

Anonymous said...

bagus banget ntu cerita..

Post a Comment